Kamis, 26 Juli 2012

Sejarah Hanacaraka

 

Sejarah Hånåcåråkå

Aksårå Hånåcåråkå.
Aksårå Hånåcåråkå (utåwå) iku sarupaníng aksårå síng kaanggo
ing Tanah Jåwå lan saubêngé kåyå tå ing Madurå, Bali, Lómbók
lan ugå Tatar Sundhå.

Aksårå Hånåcåråkå iku ugå diarani aksårå Jåwå nangíng sajatiné
ukårå iki kurang srêg amargå aksårå Jåwå iku warnané akèh
saliyané iku aksårå iki ora namúng diênggo nulís båså Jåwå waé.


Aksårå iki uga diênggo nulís båså Sangskrêta, båså Arab,
båså Bali, båså Sundhå, basa Madurå, båså Sasak lan ugå båså
Mêlayu.

Nangíng ing artikêl iki ukårå Hånåcåråkå lan aksårå Jåwå
diênggo loro-loroné lan yèn ånå ukårå aksårå Jåwå síng dirujúk
iku aksårå Hånåcåråkå.


Aksårå Hånåcåråkå kagólóng aksårå jinis abugida utåwå hibridha
antårå aksårå silabik lan aksårå alfabèt.
Aksårå silabik iki têgêsé yèn sabên aksårå ugå nyandhang
sawijiníng swårå.
Hanacaraka kalêbu kulåwargå aksårå Brahmi síng asalé såkå
Tanah Hindhústan.



Yèn bêntúké, aksårå Hånåcåråkå ånå wís kåyå saiki wiwít
minimal abad kapíng 17.
Aksårå Hånåcåråkå iki jênêngé dijupúk såkå limang aksårå
wiwitané.



Étimologi lan lêgèndha asal
Aksårå Hånåcåråkå jênêngé dijupúk såkå urutan limang aksårå
wiwítan iki síng uniné "hånå cåråkå".
Urutan dhasar aksårå Jåwå nglêgêna iki cacahé ånå róngpulúh
lan nglambangaké kabèh foném båså Jåwå.

Urutan aksårå iki kåyå mêngkéné:
hå nå cå rå kå
då tå så wå lå
på dhå jå yå nyå
må gå bå thå ngå

Urutan iki uga biså diwåcå dadi ukårå-ukårå:
"Hånå cåråkå" têgêsé "Ånå utusan"

"Dåtå såwålå" têgêsé "Pådhå garêjêgan"
"Pådhå jåyånyå" têgêsé "Pådhå digjayané"
"Mågå båthångå" têgêsé "Pådhå dadi bathang".
Urutan ukårå iki digawé miturút lêgèndha yèn aksårå Jåwå iku
diastå déníng Aji Såkå såkå Tanah Hindhústan mênyang Tanah
Jåwå.

Banjúr Aji Såkå ngarang urutan aksårå kåyå mêngkéné kanggo
mèngêti róng pånåkawané síng sêtyå nganti pati: Dorå lan
Sêmbådå.
Loroné mati amêrgå ora bisa mbúktèkaké dhawuhé sang ratu.
Mulå Aji Såkå banjúr nyiptakaké aksårå Hånåcåråkå supåyå biså
kanggo nulís layang.


Caritané kåyå mêngkéné:
Kacaritå ing jaman mbiyèn ånå wóng såkå Tanah Hindhústan
anóm jênêngé Aji Såkå.
Dhèwèké putrané ratu, nangíng kêpéngín dadi pandhitå síng
pintêr.
Kasênêngané mulang kawrúh rupå-rupå.
Dhèwèké banjúr péngín lunga mêncaraké ngèlmu kawruh ing
Tanah Jåwå.

Banjúr anuju sawijiníng dinå Aji Såkå sidå mangkat mênyang
Tanah Jåwå, karo abdiné papat síng jênêngé Dugå, Prayogå,
Dorå lan Sambådå.
Barêng têkan ing Pulo Majêthi pådhå lèrèn.
Aji Såkå banjúr nilar abdiné loro; Dorå lan Sambådå ing púlo
iku.
Déné Aji Såkå karo Dugå lan Prayogå arêp njajah Tanah Jåwå
dhisík.
Dorå lan Sambådå diwêlíng orå olèh lungå såkå kono.
Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi kêrís pusakané,
didhawuhi ngrêkså, ora olèh diêlúngaké marang såpå-såpå.

Aji Såkå banjúr tindak karo abdiné loro mênyang ing Tanah Jåwå. Njujúg ing nêgårå Mêndhang Kamolan.
Síng jumênêng ratu ing kono ajêjulúk Prabu Déwåtå Cêngkar.
Sang prabu iku sênêngané dhahar dagingé wóng.
Kawulané akèh síng pådhå wêdi banjúr pådhå ngalíh mênyang
nêgara liya.
Patihé ngaran Kyai Tênggêr.

Kacarita Aji Såkå ånå ing Mêndhang Kamolan jumênêng guru,
wóng-wóng pådhå mlêbu dadi siswané.

Pårå siswané pådhå trêsna marang Aji Såkå amêrga dhèwèké
sênêng têtulúng.
Nalika sêmana Aji Såkå móndhók nèng omahé nyai råndhå
Sêngkêran dipèk anak karo nyai råndhå.
Kyai patíh karo nyai råndhå iyå wís dadi siswané Aji Såkå.

Anuju sawijiníng dinå sang prabu Déwåtå Cêngkar dukå bangêt
ora wóng manèh síng biså didhahar.
Aji Såkå banjúr sagúh dicaósaké sang nåtå dadi dhaharané.
Sang nyai råndhå lan patíh dadi kagèt bangêt.
Nangíng Aji Såkå cêlathu yèn wóng loro iku ora usah kuwatír yèn
dhèwèké ora bakal mati.

Banjúr Aji Såkå diatêraké ngadhêp prabu Déwata Cêngkar.
Prabu Déwåtå Cêngkar yå rumångså éman lan kêrså ngangkat
Aji Såkå dadi priyayi, nangíng Aji Såkå ora gêlêm.
Ånå siji panyuwuné, yåiku nyuwún lêmah saikêt jêmbaré.
Síng ngukúr kudu sång prabu dhéwé.

Sang prabu Déwåtå Cêngkar iyå banjúr nglilani. Nuli wiwít ngukúr
lêmah diastå dhéwé.
Ikêté Aji Såkå dijèrèng.
Ikêté tansah mulúr baé, dadi åmbå sêrtå dåwå.
Iya dituti waé déníng sang prabu.
Nganti nótóg ing sêgårå kidúl.
Barêng wís mèpèd ing pinggír sêgårå, ikêté dikêbútaké.
Déwåtå Cêngkar katút mlêsat kêcêmplúng ing sêgårå.
Malíh dadi båyå putíh, ngratóni saisiníng sêgårå kidúl.
Wóng-wóng ing Mêndhang Kamolan pådhå bungah.
Awít ratuné síng diwêdèni wís sírnå.

Sêka panyuwuné wóng akèh.
Aji Saka nggantèni jumênêng ratu ånå ing nêgårå Mêndhang
Kamolan ajêjulúk Prabu Jåkå, iya prabu Widåyåkå.
Déné patihé isíh lêstari kyai patíh Tênggêr.
Si Dugå lan si Prayogå didadèkaké bupati, ngarané tumênggúng
Dudugå lan tumênggung Prayogå.

Sang prabu Jåkå, iyå sang prabu Widåyåkå nimbali si Dorå lan si
Sambadå.
Kacarita sang prabu Widåyåka, pinuju miyós siniwåkå.
Diadhêp kyai patíh sartå pårå bupati.
Sang prabu kèngêtan abdiné síng didhawuhi ngrêkså pusåkå
kêrís ånå ing Pulo Majêthi.
Ndangu marang Dudugå lan Prayogå kêpriyé wartané si Dorå lan
si Sêmbådå.
Prayogå lan Dudugå ora bisa mangsuli awit wís suwé ora krungu
åpå-åpå.

Kacarita si Dorå lan si Sambådå sing kari ånå ing Pulo Majêthi.
Wóng loro iku wís pådhå krungu pawårtå manåwå gústiné wís
jumênêng ratu ånå ríng Mêndhang Kamolan.
Si Dorå ngajak sowan nangíng si Sambådå ora gêlêm awít wêdi
nêrak wêwalêré gústiné, ora parêng lungå-lungå sêkå pulo
Majêthi, yèn ora tinimbalan.

Nangíng si Dorå nékad arêp sowan dhéwé.
Si Sambådå ditilapaké.
Banjúr mangkat ijèn waé.
Ånå ing dalan si Dorå kapêthúk karo tumênggúng Dudugå lan
Prayogå.
Utusan loro mau banjúr diajak bali déníng si Dorå.

Awit si Sambadå dijak ora gêlêm.

Wóng têlu banjúr sowan ing ngarsané sang prabu.
Sang Prabu ndangu si Sêmbådå ånå ing ngêndi lan diwangsuli
yèn dhèwèké ora gêlêm diajak.
Mirêng aturé si Dorå, sang prabu dukå bangêt, lali dhawuhé
dhéwé mbiyèn.
Banjúr Dorå, didhawuhi bali mênyang pulo Majêthi lan nimbali si
Sambådå.
Yèn mêkså ora gêlêm didhawuhi dirampungi lan kêrisé
dibalèkaké.

Dorå sanalikå mangkat. Ing pulo Majêthi kêtêmu karo Sêmbådå.
Kåndhå yèn mêntas sowan gústiné.
Saiki diutús nimbali si Sambådå.
Pusåkå kêrís didhawuhi nggåwå.
Nangíng si Sambådå ora ngandêl marang kandhané si Dorå.
Banjúr pådhå padu ramé.
Suwé-suwé pådhå kêkêrêngan, dêdrêg ora ånå síng kalah,
awít pådhå digdayané.
Wasånå banjúr pådhå nganggo gaman kêrís pådha gênti nyudúk.
Wêkasan pêrangé sampyúh.

Si Dorå lan si Sambådå pådhå mati kabèh.
Sang Prabu ngarêp-arêp têkané si Dorå.
Wís sawêtårå suwéné têkå durúng sowan-sowan mångkå
didhawuhi énggal bali.
Sang prabu nimbali tumênggúng Dudugå lån Pråyogå.
Didhawuhi nusul si Dorå mênyang pulo Majêthi.

Sanalikå banjúr mangkat.Barêng Dudugå lan Prayogå wís têkå
ing pulo mau, kagèt bangêt déné si Dorå lan si Sambådå kêtêmu
wís pådhå mati kabèh.

Tilasé mêntas pådhå kêkêrangan pådhå tatu kênå ing gaman.
Pusåkå kêrís síng dadi rêrêksan gumléthak ånå ing sandhingé.
Pusåkå banjúr dijupuk arêp diatúraké marang gústiné.
Dudugå lan Prayogå banjúr bali sowan ing ngarsané gústiné lan
mratélaké kahanané.
Sang Prabu Widåyåkå kagèt bangêt mirêng pawarané,
awít pancèn kaluputané dhéwé wís kêsupèn pandhawuhé.
Banjúr sang prabu nganggít aksårå Jåwå nglêgêna kanggo
mèngêti abdiné loro iku.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar